KPJ 438 Gusti Paduka Ngirid Lampah Kula - Kidung Pasamuwan Jawi

KPJ438_GustiPadukaNgiridLampahKula_KidungPasamuwanJawi


KPJ 438 Gusti Paduka Ngirid Lampah Kula 
Kidung Pasamuwan Jawi



1
Gusti, Paduka ngirid lampah kula
Kula ndherek Paduka salaminya.
Kawula datan saged milih margi
Mugi sapurug kula, Gusti nganthi.
2
Paduka dedalema ing tyas kula
supados arerema lampah kula
Kula tansah sumendhe ing karsanta,
wit Paduka kang nebus gesang kula.
3
Ngambaha margi rumpil nguwatosi,
tinempuh ing prahara nggegirisi,
nging Gusti tansah ngirid lampah kula,
mesthi Paduka kanthi dhateng swarga.


KPJ438_GustiPadukaNgiridLampahKula_KidungPasamuwanJawi