KPJ 334 Aja Sumelang - Kidung Pasamuwan Jawi

KPJ334_AjaSumelang_KidungPasamuwanJawi


KPJ 334 Aja Sumelang 
Kidung Pasamuwan Jawi


 
1
Aja sumelang bab uripmu, ywa uwas ing kalbu
Yèn pepeteng nglimputi ati,
ngayoma mring Gusti.
Allah yèku Rama, ngreksa sira salaminya.
Pasrah sumaraha, mrih tentrem raharja.
2
Lamun tininggal sanak - kadang, ywa semplah ing driya.
Yèn kamuktèn, kamulyan ilang, mantepa pracaya.
3
Lamun ngalami kacingkrangan, tatag diprayitna.
Yèn tansah rinidhu panandhang, teguh dènwaspada.

kpj334 chord




KPJ334_AjaSumelang_KidungPasamuwanJawi

Related Posts: