KPJ 289 Sang Roh Suci Mugi Pareng - Kidung Pasamuwan Jawi

KPJ289_SangRohSuciMugiPareng_KidungPasamuwanJawi


KPJ 289 Sang Roh Suci Mugi Pareng 
Kidung Pasamuwan Jawi


KPJ 289 SANG ROH SUCI MUGI PARENG

1
Sang Roh Suci mugi pareng anedhaki tyas kula,
dimen a tentrem rahayu, kapenuhan ing tresna.
Dhuh Gusti kang setya,
Paduka kulandelaken;
mugi pareng nedhakaken
Roh Suci ing tyas kula.
Gusti, mugi nucekaken tyas kula.
2
Sumangga cahya Paduka amadhangna tyas kula,
mugi pepetenging dosa binirata sadaya.
3
Mugi ngirid lampah kula manut pangreh Paduka.
Paduka kula bekteni ngantos dugeng wekasan.
4
Kula mugi sinungana kaunggulaning yuda,
dimen tentrem - arahayu nggen kula pecat nyawa.


KPJ289_SangRohSuciMugiPareng_KidungPasamuwanJawi

Related Posts: