KPJ 175 Neng Gunung Wah Neng Ngare - Kidung Pasamuwan Jawi

KPJ175_NèngGunungWahNèngNgaré_KidungPasamuwanJawi


KPJ 175 Neng Gunung Wah Neng Ngare 
Kidung Pasamuwan Jawi




VERSI
 1
1
Nèng gunung wah nèng ngaré, Gusti Allah ana.
Nyanga ngendi paranku, mesthi ana uga.
Endi kang dadi cipta lan osiking ati,
kabèh mesthi kapirsan ing Allah Hyang Widi.
2
Sang Rama anèng swarga mengku samubarang.
Sing sapa kang kumandel mesthi tinulungan.
Manuk ing awang-awang, Allah kang ngingoni.
Suket lan thethukulan, wrata dènpaèsi.
3
Bumi dalasan swarga wengkoné Pangéran.
Jasad gedhé - cilika, Allah tan klimengan.
Saliring kang tumitah sajagad warata
tansah anélakaké piwlas lan kwasanya.
4
Dhuh nyawaku dèn ayem, tansah kumandela.
Nèng kanan lan kéringmu, Rama Allah ana.
Lamun kabotan susah, tininggal ing sanak,
dalah yèn dugèng janji, Allah mesthi celak.



KPJ175_NèngGunungWahNèngNgaré_KidungPasamuwanJawi

Related Posts: